Khutbah bulan Rabiul Akhir
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ اَنْزَلَ عَلَى عَبْدِهِ اْلكِتَابَ
تِبْيَانًا. فَبَيَّنَ بِهِ حَلاَ لاًوَحَرَامًا. وَاَمَرَاُمَّتَهُ
بِالتَّخَلُّقِ بِمَكَارِمِ اْلاَخْلاَقِ وَاجْتِنَابِ دَنِيْئِهَا.وَدَفَعَ بِهِ
اْلمُنْكَرَاتِ وَشُرُوْرًا. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ
لاَشَرِيْكَ لَهُ اِعْتِرَافًابِوَحْدَانِيَّتِهِ ذَاتًاوَصِفَاتَاوَاَفْعَالاَ.
وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُاْلخَلْقِ
عَرَبًاوَاَعْجَامًا
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى
اَلِهِ وَصَحْبِهِ مُهَاجِرَاوَاَنْصَارَا. اَمَّابَعْدُ: فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوا السَّيِّئَاتِ وَسُدُّوْا اَبْوَابَهَا
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken!
Langkung rumiyin ing
mriki kawulo wasiat dumateng awak kulo piyambak lumebar dumateng panjenengan
sedoyo, monggo kito tingkataken anggenipun netepi taqwa dumateng Allah Swt.
Tegesipun ningkataken anggenipun ambudi doyo nyataaken dawuhipun wonten ing
saben tindaan kito lan nebihi awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih kito
selaku tiyang Islam lan selaku anggota masyarakat puniko gadhahi tanggung jawab
anjagi lingkungan saking perkawis mungkar utawi perkawis-perkawis ingkang
bertentangan kaliyan syari’at Islam.
Babagan puniko sinejo
kawulo emutaken wonten ing kesempatan khotbah niki, amargi akhir-akhir puniko
sami kito tingali wontenipun pengaruh-pengaruh awon saking luar ingkang saget
ngancam tatanan agami Islam.
Kito tingali kathah
kebudayaan inggal minongko akibat saking kemoderenan lan kemodelan ingkang
bekto pengaruh awon dateng masyarakat. Adat kebiasaan tuwin kebudayaan awon
saking kito sampun milahi merembes dumateng dusun-dusun. Kados to model-model
pengagem ingkang mawerni-werni ingkang roto-roto sampun boten anggatosaken
malih kaliyan nutup aurot. Pengaruh-pengaruh koran utawi majalah ingkang tansah
nonjolaken masalah-masalah ingkang mestinipun saru dipun tingali. Pengaruh
wahosan-wahosan, cerita-cerita,film-film, tontonan-tontonan lan
lintu-lintunipun. Sedoyo kolo wahu kito tingali milahi melebet lan dipun remeni
khususipun dining generasi muda kito. Lajeng ngancam dumateng pernataning agami
Islam lan kebudayaan luhur bangsa Indonesia ingkang kito cintai.
Milo menawi kito boten
cepet tanggap dateng kasunyatan ingkang kados mekaten, boten mustahil akhiripun
tatanan agami Islam lan kebudayaan luhur puniko badhe luntur, kawon kaliyan
kebudayaan inggal ingkang ngrisak. Lajeng akhiripun lingkungan kito berubah
dados panggenan ingkang boten mawi pernatan agami. Na’uudzu billaahi min
dzaalik.
Milo kito selaku tiyang
sepah, monggo sareng-sareng ningkataken kewaspadaan kanthi usaha punopo mawon
ingkang saget damel bentengi pernataning agami. Kados dene kanthi paring
pangertosan masalah-masalah agami tuwin penyadaran dumateng generasi muda, bilih
perkawis ingkang ngelanggar ing pernatan agami puniko badhe ndatengaken akibat
awon tumerap diri pribadi piyambak, ndatengaken kerugian ing tembi wingking,
soho ngundang bendhunipun Pengeran.
Lan dumateng generasi
muda piyambak, monggo dipun tingkataken malih kewaspadaanipun, sampun ngantos
remen anut gerubyuk dateng lingkungan kiwo-tengen. Monggo langkung pinter
anggenipun milih. Kito agemadat kebiasaan ingkang sahe mawon. Ingkang melanggar
pernatan agami kito bucal. Monggo kito gatosaken dawuhipun kanjeng nabi:
عَنِ النُّعْمَانِ بْنِ بَشِيْرٍرَضِىَ اللَّهُ
عَنْهُمَاعَنِ النَّبِىِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ:قَالَ:مَثَلُ
اْلقَائِمِ فِىْ حُدُوْدِاللَّهِ وَاْلوَاقِعِ فِيْهَاكَمَثَلِ قَوْمٍ
اِسْتَهَمُوْاعَلَى سَفِيْنَةٍفَصَارَبَعْضُهُمْ اَعْلاَهَاوَبَعْضُهُمْ
اَسْفَلَهَافَكَانَ الَّذِىْ فِىْ اَسْفَلِهَا اِذَا اسْتَقَوْامِنَ
اْلمَاءِمَرُّوْاعَلَى مَنْ فَوْقَهُمْ فَقَالُوْالَوْاَنَّاخَرَقْنَافِىْ
نَصِيْبِنَاخَرْقًاوَلَمْ نُؤْذِمَنْ قَوْقَنَافَاِنْ تَرَكُوْهُمْ وَمَا
اَرَادُوْاهَلَكُوْاجَمِيْعًاوَاِنْ اَخَذُوْاعَلَى اَيْدِيْهِمْ
نَجَوْاوَنَجَوْاجَمِيْعًا
Artosipun
kirang langkung: “Cinarito saking Nu’man bin Basyir r.a., saking Kanjeng
Nabi Saw.: ‘Sifate wong kang jumenewgi aturane Gusti Allah lan wongkang tumibo
nerjang iku koyo dene wongkang melu undian numpak perahu. Nuli sebagian oleh
ono ndhuwur lan sebagian maneh oleh ngisor. Akhire wong-wong kang ono ngisor
yen butuh banyu terus lewat wong-wong kang ono ndhuwur nuli dheweke podho
ngucap: ‘Lamun to kito keno gawe bolongan kerono merkoleh bagian kito lan ora
mbahayani marang wongkang ono ndhuwur. Yen nganti wong-wong mahu podho tinggal
wongkang ono ndhuwur (ora merduli), mongko mesti bakal mati kabeh. Lan yen
podho biso nguwasani awak dewene, mongko bakal selamet kabeh.” (Hadis
riwayat Imam Bukhori)
Ngaten dawuhipun Kanjeng Nabi. Milo menawi
kito boten saget njagi, temtu kito sedoyo badhe pikantuk akibatipun.
Pramilo monggo kito generasi penerus Islam
sami ningkataken kewaspadaan. Khususipun dateng generasi muda, monggo
kesempatan muda puniko kito isi kanthi kegiatan ingkang sahe lan ingkang
maslahat. Monggo kito tolak kebudayaan awon ingkang badhe ngerisak mental
generasi muda kito kanthi nrengginasaken kegiatan agami. Kados to diskusi
masalah agami, ngawontenaken madrasah diniyah tuwin kegiatan pengahosan IPNU /
IPPNU, jama’ah Yasin Tahlil remaja lan lintu-lintunipun. Kanti mekaten, insya
Allah pengaruh-pengaruh awon saking luarsaget kito tanggal.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِىْ القُرْآنِ
اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلاَيَاتِ
وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم.اِنَّهُ هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم.
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم: وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ
اُمَّةٌيَدْعُوْنَ اِلَى اْلخَيْرِوَيَأْمُرُوْنَ بِاْلَمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ
عَنِ اْلمُنْكَرِوَاُولَئِكَ هُمُ اْلمُفْلِحُوْن. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ
وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن
