Khutbah Bulan Ramadhan
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ
وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ اَمَرَعِبَادَهُ
بِمُلاَزَمَةِطَاعَتِهِ وَالتَّقْوَى. وَنَهَاهُمْ عَنِ اتِّبَاعِ اْلهَوَى.
فَيَجْرِىْ مَنْ اَمْسَكَ وَلاَيَغْتَرُّبِمَكَايِدِالشَّيْطَنِ جَزَاءًاَوْفَى.
اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ اْلمُيَسِّرُلِمَنِ اتَّقَى.
وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَاوَمَوْلاَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
الدَّاعِىْ اِلَى سَبِيْلٍ سَوَى
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى
سَيِّدِنَامُحَمَّدٍالنَّبِىِّ اْلمُصْطَفَى. وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ
وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ اَهْلِ الطَّاعَةِوَالتُّقَى. اَمَّابَعْدُ:
فَيَاعِبَادَاللَّه! اِتَّقُوا اللَّهَ وَلاَتَتَّبِعِ اْلَهَوَى فَيُضِلَّكَ عَنْ
سَبِيْلِ اللَّهِ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ النَّفْسَ اَمَّارَةٌبِالسُّوْءِ
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken!
Langkung rumiyin kawulo
wasiat dumateng awak kawulo piyambak, lajeng lumebar dumateng panjenengan
sedoyo, monggo sareng sami-sami nambahi taqwa dumateng Allah Ta’ala. Tegesipun
tansah netepi dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Lan monggo sami ngemuti
bilih manah kulo panjenengan sedoyo puniko dados kendali tumerap sedoyo anggota
lahir. Sahe lan awonipun pendamelan anggota lahir puniko midherek dateng
kawontenanipun manah.
Lan wonten ing
nglebetipun manah puniko wonten kalih werni kecondhongan. Sepindhah
kecondhongan dateng kesahenan, ingkang asalipun saking pengajakaipun malaikat,
dene ingkang nomer kalih kecondhongan dateng maksiat tuwin pendamelan awon,
ingkang asalipun saking pengajakipun iblis la’natullah.
Dene menawi kito ningali
kawontenan ing zaman akhir puniko, kecondhongan dumateng maksiat lan perkawis
ingkang awon sampun langkung kathah. Buktinipun, sak meniko sampun kathah
tiyang ingkang nyimpang saking pernatan agami. Gesangipun umbar-umbaran. Sedoyonipun
tanpo pertimbangan halal-harom. Pokokipun manahipun marem.
Milo kito selaku umat
Islam monggo samiyo waspodo lan atos-atos anggenipun bertindak Sampun ngantos
kito andurusi kekajenganipun manah. Supados kito boten kejeblos dateng
pambujukipun setan. Monggo kito langkung atos-atos wonten ing saben-saben
perkawis Amargi pengajak utawi pambujukipun howo nafsu puniko badhe nyasaraken
dateng manungso. Kados dawuhipun Gusti allah Ta’ala:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم:
وَلاَتَشَّبِعِ اْلهَوَى فَيُسِلَّكَ عَنْ سَبِيْلِ اللَّهِ
Artosipun
kirang langkung: “Ojo siro manut marang howo nafsu, kerono howo nafsu iku
bakal nyasarake siro saking dalane Gusti Allah.” (Al-Qur’an, surat Shood: 26)
Ngaten dawuhipun Gusti Allah Ta’ala wonten
ing masalah howo nafsu. Langkung-langkung ingkang nami howo nafsu puniko menawi
dipun durusi sepindhah lajeng tuman utawi ketagihan Imam Al-Bashairi
ngendikaaken:
وَالنَّفْسُ كَالطِّفْلِ اِنْ تُمْمِلْهُ شَبَّ
عَلَى
حُبِّ الرَّضَاعِ وَاِن تَفْطِمْهُ يَنْفَطِم
Artosipun
kirang langkung: “Howo nafsu iku koyo bayi, yen den durusi terus mesti ngati
gedhe tetep seneng nesu. Nanging yen disapih mesti mari.”
Sepindhah malih, monggo kito langkung
kiyat anggenipun ngempet howo nafsu. Sinahoso kito meniko gesang ing zaman
ingkang sampun kados mekaten, kito wajib tetep bertahan sak kiyatipun. Amargi
menawi ngatos katut dateng pengajakipun setan, ingkang rugi lan nampi
akibatipun ugi kito piyambak.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ
بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم.اِنَّهُ هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم.
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم: وَالَّذِيْنَ
جَاهَدُوْافِيْنَالَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَاوَاِنَّ اللَّهَ لَمَعَ
اْلمُحْسِنِيْن وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن