Khutbah bulan
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ وَكَفَى. اَلَّذِىْ رَزَقَنَافَكَانَ
عَيْشُنَاكَفَافًا. وَاَمْرَنَابِاْلقَنَاعَةِوَابْتِغَاءِمَرْضَاتِهِ
وَاتِّقَاءِاْلاِسْرَافِ وَاْلقَتْرِوَكَانَ بَيْنَ ذَلِكَ قَوَامًا. اَشْهَدُاَنْ
لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اِيْمَانًاوَاعْتِرَافًا.
وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلمُصْطَفَى
اْلمُقْتَفَى
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى
سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ ذَوِىْ التُّقَى. اَمَابَعْدُ:
فَيَاعِبَادَاللَّه! اِتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ
اْلغِنِى لاَعَنْ كَثْرَةِاْلعَرَضِ وَلَكِنَّ اْلغِنَى غِنَى النَّفْسِ
Poro
rawuh ingkang kawulo mulyaaken!
Minggo kito tansah
ambudi doyo ningkataken rahos taqwa dumateng Allah Swt. Tegesipun tansah ambudi
doyo ningkataken anggenipun netepi perintah-perintahipun lan nebihi
awis-awisinipun. Lan monggo kito sami ambudi doyo ndadosaken keluarga kito
keluarga ingkang tentrem raharjo utawi keluarga sakinah. Artosipun dados
keluarga ingkang tansah pikantuk pengayoman saking ngerso damel allah Swt.
Dene antawisipun coro
bekto keluarga nuju ketentreman lan keraharjan ingkang dipun ridhoni dining
Gusti Allah Ta’ala inggih puniko kanthi ngetrepaken gesang qono’ah utawi nrimo
ing panduming Pangeran. Kados ingkang sampun dipun dawuhaken wonten ing hadis:
عَنْ اَبِىْ فَضَالَةَبْنِ
عُبَيْدٍاْلاَنْصَارِىِّ رَضِىَ اللَّهُ عَنْهُ، اَنَّهُ سَمِعَ رَسُوْلَ اللَّهِ
صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ. يَقُوْلُ، طُوْبُى لِمَنْ هُدِىَ
لِلْلاِسْلاَم وَكَانَ عَيْشُهُ كَفَافًاوَقَنِعَ
Artosipun kirang
langkung: “Cinarito saking Abi Fadholah bin Ubaid al-anshori r.a., panjenengane
mireng yeng Kanjeng Rasul Saw. Dawuh: ‘Bejo kamayangan kanggo wongkang
ditunjuaken marang Islam lan penguripane sederhana lan dewekne nerimo.” (Hadis
riwayat Turmudzi, hadis shohih)
Wondene rahos qona’ah
puniko nuwuhaken tentrem utawi raharjaning gesang, amargi kanthi rahos qona’ah
menungso lajeng tansah emut dumateng Gusti allah Ta’ala. Kejawi puniko,
piyambaipun tansah ngerumahosi bilih punopo perkawis ingkang dipun hasilaken
piniko minongko peparingipun Pengeran ingkang sampun dados jatahipun. Sahinggo
piyambaipun supados ngasilaken bondho dunyo ingkang sak kathah-kathahipun.
Rahos qona’ah ugi mejahi rahos thoma’, hasud lan lintu-lintunipun.
Milo monggo kito ambudi
doyo ngetrepaken rahos qona’ah puniko wonten ing manah kito lan sedoyo keliarga
kito. Insya Allah, kanti rahos qona’ah puniko kito lan sedoyo keluargo dados
tiang ingkang tentrem raharjo.
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken!
Rahos qona’ah punikolah
sejatosipiun perkawis ingkang badhe mbekto dumateng katentreman. Sanes
numpuk-numpuk bondho dunyo. Kito sampung ngantos kinging pengaruhipun
tiyang-tiyang ingkang gadhah penganggep bilih katentremaning gesang puniko
kanthi numpuk-numpuk bondho. Amergi penganggep ingkang mekaten puniko klintu.
Sinahosa bondho dunyo matumpuk-tumpuk ananging menawi batosipun mboten kaisa
rahos qona’ah temtu mboten tentrem Rahosipun tansah kirang lan kirang. Milo
Kanjeng Nabi dawuh:
عَنْ اَبِىْ هُرَيْرَةَرَضِىَ اللَّهُ عَنْهُ
عَنِ النَّبِىِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ: لَيْسَ اْلغِنَى عَنْ
كَثْرَةِاْلعَرَضِ وَلَكِنَّ اْلغِتَى النَّفْسِ
Artosipun
kirang langkung: “Cimarito saking abu Huroiroh r.a.: Kanjeng Nabi
Saw. Dawuh:’Hakikate sugih iku ora saking akehe bondho, nanging sugihe ati.” (Muttafaqun
alaih)
Mwkaten dawuhipun
kanjeng nabi. Milo cetho bilih bondho puniko mboten njamin karaharjaning
gesang.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِىْ القُرْاَنِ
اْلعَظِيْم وَنَفَعَتِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْمِ:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْمِ: وَاَلَّذِيْنَ اِذَا
اَنْفَقُوْالَمْ يُسْرِفُوْاوَلَمْ يَقْتُرُوْاوَكَانَ بَيْنَ ذَالِكَ
قَوَامًاوَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن
