Khutbah Bulan Zulhijah
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ فَضَّلَ عَشْرَذِىْ
الحِجَّةِبِتَضْعِيْفِ اُجُوْرِاْلعِبَادَات.فَمَنْ خَرَجَ مِنْ بَيْتِهِ اِلَى
شِرَاءِاْلاُضْحِيَّةِكَانَ لَهُ بِكُلِّ خَطْوَةٍعَشْرُحَسَنَات.وَمُحِىَ عَنْهُ
عَشْرُسَيَّئَاتِ.اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ
اْلمُوْجِدُالمُعْدِمُ اْلمَخْلُوْقَات.وَاَشْهَدُاَنَّ
سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ رَغَّبَ اُمَّتَهُ فِى
اْلاُضْحِيَّةِوَاَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍسَيِّدِالسَّادَات.وَعَلَى
اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اخْتَلَفَتِ اْلاَيَامُ
وَالسَّاعَات.اَمَّابَعْدُ:فَيَاعِبَادَاللَّه!اِتَّقُوِا اللَّهَ تَعَالَى
وَاعْلَمُوْا اَنَّ شَهْرَكُمْ هَذَاشَهْرٌعَظِشيْم.شَرَعَ فِيْهِ
اْلاُضْحِيَّةَرَحْمَةًلِعِبَادِهِ اْلمُحِبِّيْنَ فِىْ
القُرَبَات.فَانْحَرُوْهَاوَاغْتَنِمُوْاجَمِيْعَ فَضَائِلِهَاقَبْلَ اْلفَوَات
Poro rawuh ingkang minulyo!
Monggo samiyo netepi
taqwa dumateng Allah Swt. Tegesipun tansah anderek dumateng dawuh-dawuhipun lan
nebihi awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih sekedhap malih kito badhe
melebet wonten ing wulan ingkang agung, yakni wulan Dzulhijjah. Wulan
Dzulhijjah puniko termasuk wulang ingkang mengku kautaman-kautaman. Setengah
saking kautamaanipun inggih puniko arupo wontenipun riyoyo qurban utawi Idul
Adha. Kejawi dinten Idul Adha, wonten ing wulan puniko ugi minongko wulan
ingkang Gusti Allah remen sanget menawi kawulanipun sami ngathah-ngathahaken
amal sholeh lan taqarrub dumateng Allah. Kados dawuh ing setunggalipun hadis:
عَنْ اِبْنِ عَبَّاسِ رَضِىَ اللَّهُ
عَنْهُمَاقَالَ:قَالَ عَلَيْهِ الصَّلاَةُوَالسَّلاَمُ:مَامِنْ اَيَّامِ
اَلْعَمَلُ الصَّالِحُ فِيْهَا اَحَبُّ اِلَى اللَّهِ مِنْ هَذِهِ اْلاَيَّامِ
يَعْنِىْ اَيَّامَ عَشْرِذِىْ الحِجَّةِ
Artosipun
kirang langkung: “Cinarito saking sohabat Ibnu Abbas r.a., Rasulullah saw.
Dawuh: ‘Ora ono dino-dino kang amal sholeh iku luwih dhemenaken marang Allah
tinimbang dino-dino iki, yakni sepuluh dino wulan Dzulhijjah.”
وَقَالَ رَسُوْلُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ:مَامِنْ اَيَّامٍ اَحَبَّ اِلَى اللَّهِ اَنْ
يُعْبَدَفِيْهَامِنْ عَشْرِذِىْ الحِجَّةِيَعْدِلُ صَوْمُ كُلٍّ يَوْمٍ
مِنْهَاصِيَامَ سَنَةٍوَقِيَامُ كُلِّ لَيْلَةٍمِنْهَاقِيَامَ لَيْلَةِاْلقَدْرِ
Artosipun
kirang langkung: “Rasulullah Saw. Dawuh: ‘ Ora ono dino-dino kang luwih
dhemenaken marang Allah yen den gawe ibadah tinimbang sepuluh dinane wulan
Dzulhijjah. Poso saben dinone podho karo poso setahun lan olehe jumenengi
ibadah ono saben wengine podho karo jumenengi ibadah ono wengine Lailatul
Qodar.”
Katerangan ing nginggil puniko sampun
gamblang bilih ganjaran ibadah ngeparek dumateng Allah wonten ing wulan
Dzulhijjah puniko agung sanget. Langkung-langkung wonten ing sedoso dinten
ingkang awal. Milo monggo sami cawis-cawis ingkang sak estu. Ingkang kiat
ngelampahi shiyam, inggih monggo kito ginaaken kagem shiyam. Ingkang kagungan
rizqi jembar, ugi monggo ngathah-ngathahaken shodaqoh. Ingkang mboten kiat,
inggih monggo samiyo ngathah-ngathahaken dzikir dumateng Allah, Qiyamul Lail
lan sak piturutipun.
Khusus dumateng ingkang sawek pinaringan
rizqi, monggo samiyo nindaaken ibadah qurban. Amargi ibadah qurban puniko agung sanget fadhilahipun.
Dipun riwayataken dining Sayyidina Ali Karromallaahu
Wajhah: Setunggalipun hadis ingkang artosipun: “sing sopo wonge metu saking
omahe saperlu tuku qurban, monggo saben-saben jangkahe kaitung sepuluh kebagusan lan nglebur sepuluh olo lan
ngunggahake sepuluh derajat. Naliko deweke guneman saperlu tuku hayawan qurban
mahu, mongko omongane minongko tasbih. Lan naliko mbayari regane, mongko
saben-saben sak dirham dadi pitung atus kebagusan. Naliko hayawan qurban mahu
den dekleh lemah saperlu disembeleh, mongko saben makhluk ingkang ono ing
panggonan kono podho jaluaken ngapuro. Lan nalikone deweke ngileaken getihe
hayawan qurban mahu, mongko Gusti Allah dadeaken saben tetese getih ing
piro-piro malaikat ing jaluake ngapuro kanggo deweke nganti dino kiamat.Lan
nalikone ngedum daginge, mongko saben-sabenn sak pulukane iku podho karo
merdekaake kawulo siji saking turunane Nabi Ismail a.s.”
Milo lumantar makno hadis ing nginggil,
monggo samiyo anggugah batos kito sami dumateng ibadah qurban ingkang agung
sanget fadhilahipun.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِىْ اْلقُرْاَنِ
اْلعَظِيْم.وَنَفَعَتِى وَاِيَاكُمْ بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم.اِنَّهُ
هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم.اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْمِ
اِنَّا اَعْطَيْنَاكَ اْلكَوْثَرَفَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ.اِنَّ شَانِئَكَ
هُوَاْلاَبْتَر.وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن
