اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ جَعَلَ
اْلاَوْلاَدَفِتْنَةًلِلْوَالِدِيْن فَاَوْجَبَ عَلَيْهِمْ تَرْبِيَتَهُمْ
وَتَعْلِيْمَهُمْ اُمُوْرَدِيْنِهِمْ لِيَنْفَعُوْافِىِ الدِّيْن. اَشْهَدُاَنْ
لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدَاعَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ اْلمَبْعُوْثُ بِالدِّيْنِ اْلقَوِيْم. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ
وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن.
اَمَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّهِ! اِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ
وَاهْتَمُّوْابِتَرْبِيَةِاْلاَوْلاَدِوَتَعْلِيْمِهِمً. عَلِّمُوْهُمُ
اْلخَيْرَوَاَدِّبُوْهُمْ بِأَنْ تَأْمُرُوْهُمْ بِاْلخَيْرِوَتَنْهَوْهُمْ عَنِ
الشَّرَّ
Poro rawuh
ingkang kawulo mulyaaken!
Monggo kito tansah ambudi doyo netepi
taqwa utawi ajerih dumateng Gusti Allah, tegesipun berusaha nindaaken
dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Lan monggo kito gatosaken malih
bab tarbiyah utawi andidik dateng putero wayah. Monggo sami langkung telatos
lan tanggap dateng perkembanganipun. Kito arahaken dateng perkawis ingkang sahe
menggah agami. Supados ing tembe wingking estu-estu dados penerus ingkang
sholeh-sholehah, maslahat kangge agami, bangsa lan negari, khususipun kangge
tiyang sepuhipun. Amargi Gusti Allah sampun dawuh:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم:
يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْاقُوْا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ
نَارًاوَقُوْدُهَا النَّاسُ وَاْلحِجَارَةُ
Artosipun
kirang langkung: “He wong-wong kang podo iman, podo ngreksoho siro kabeh
marang awak siro kabeh lan ahli siro kabeh saking geni neroko kang urup-urupe
saking manungso lan watu.” (Al-Qur’an, surat at_Tahrim: 6)
Lajeng dipun tafsiraken kados kasebat ing
kitab Tafsir Munir, kaca: 387:
عَلِّمُوْا اَنْفُسَكُمْ وَنِسَاءَكُمْ
وَاَوْلاَدَكُمُ اْلخَيْرَوَاَدِّبُوْهُمْ بِأَنْ تَأمُرُوْهُمْ
بِاْلخَيْرِوَتَنْهَوْهُمْ عَنِ الشَّرِّتَقُوْهُمْ بِذَلِكَ نَارَ
Artosipun kirang langkung: “Wulangono awak siro, bojo siro lan
anak-anak siro kabeh ing kebagusan. Lan wulangono tata kromo, kanthi perintah
kebagusan lan nyegah saking barang kang mungkar, yen mangkono ateges siro podo
ngrekso ahli saking geni neroko.”
Mekaten maknanipun dawuh
dalem Gusti Allah Ta’ala. Milo migatosaken putero wayah ingkang estu puniko
dados kewajiban ingkang boten enteng. Putero wayah puniko minongko amanah
saking Pengeran ingkang kedah kito gula wentah kanthi sak estu, kito arahaken dateng
kesahenan.
Putero wayah puniko
dados fitnah kagem tiyang sepuhipun. Anamung menawi tiyang sepuh saget andidik
lan ngarahaken dateng kesahenan, insya Allah dados penerus ingkang sahe lan
junjung dateng martabatipun tiyang sepuh wonten ngersanipun Gusti Allah Ta’ala lan
ing tengah-tengah masyarakat.
Sewalikipun, menawi putero wayah dados tiyang awon lan bejat, kito minongko
tiyang sepah ugi katut angsal kapitunanipun. Lan sedoyo kolo wahu ingkang
gadhah peranan penting inggih tiyang sepahipun. Kados dawuhipun Kanjeng Nabi
ingkang surahosipun: “Saben-saben anak iku den lahiraken kanthi netepi
fitrah. Wong tuwone sing andadeaken Yahudi utowo Nasroni. “
Tegesipun abang-birune
putero wayah puniko langkung kathah tergantung dumateng tiyang sepuhipun.
Menawi sak estunipun dipun arahaken dateng kesahenan, dipun geladhi kanthi
telatos, insya Allah agung harapanipun dados penerus ingkang migunani ing tembe
wingking.
Sak lajengipun, poro
rawuh ingkang minulyo! Ingkang dipun kersaaken ngarahaken utawi ndidik putero
wayah ingkang leres inggih puniko:
Sepindah (1), mucal putero wayah dateng perkawis agami. Awit alit dipun
wucal ngahos. Dipun dasari tauhid. Supados putero wayah puniko ngertos lan
ngenal dateng Pengeranipun kanthi leres. Ugi kito latih ngulinaaken ngelampahi
dawuh-dawuhipun Gusti Allah. Khususipun ibadah sholat ingkang dados cagaipun
agami. Puniko kedah kito gatosaken ingkang sak estu. Kanjeng Nabi Muhammad Saw.
sampun dawuh:
عَنْ اَبِىْ ثُرَيَّةَسَبْرَةَبْنِ
مَعْبَدٍاْلجُهَنِىِّ رَضِِىَ اللَّهُ عَنْهُ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللَّهِ
صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: عَلِمُوْا الصَّبِيَّ الصَّلاَةَلِسَبْعِ
سِنِيْنَ وَاضْرِبُوهُ عَلَيْهَا اْبنَ عَشْرِسِنِيْنَ
Artosipun
kirang langkung: “Cinarito saking Abi Sabroh bin Ma’badil Juhanni r.a., yen
Gusti Rasulillah Saw. dawuh: ‘Wulangono bocah cilik ing sholat naliko wus umur
pitung tahun. Lan pukulo kerono tinggal sholat naliko umur wus sepuluh tahun. “
(Hadis riwayat Ahu Dawud. Hadis hasan)
Kaping kalihipun (2), monggo kito langkung tanggap lan
anggatosaken dateng perkembangan lan pergaulanipun. Sebab lare-lare zaman akhir
puniko langkung kenal werni-werni kaliyan lingkunganipun. Boten kados lare-lare
wonten ing zaman kito rumiyin. Ngaten wahu penting sanget, punopo malih wonten
ing zaman akhir puniko kathah model-model, kebudayaan-kebudayaan awon saking
milahi melebet lan mbekto pengaruh ingkang boten sekedhik. Budaya
mabuk-mabukan, perjudian tuwin pergaulan bebas antawis jaler esteri. Ugi
kebudayaan-kebudayaan ingkang asalipun saking ningali nonton film, TV, video
utawi majalah-majalah lan buku-buku ingkang dipun sade dining tiyang-tiyang
ingkang boten bertanggung jawab.
Budaya-budaya ngaten kolo wahu menawi
boten dipun atasi kanthi benteng ingkang kiyat, utawi kito tiyang sepah boten
cepet tanggap, boten mustahil putero wayah kito badhe katut dateng kebudayaan
awon kolo wahu.
Lajeng kaping tiganipun, Inggih puniko usaha batin, tegesipun kito
tiyang sepah sampun pegot-pegot anggenipun dungo nyuwun dumateng Gusti Allah
Ta’ala supados putero wayah kito dipun dadosaken penerus ingkang sahe,
sholeh-sholehah.
Insya Allah menawi kito saget ngamalaken
cara-caranipun ngarahaken lan andidik putero wayah kanthi leres, putero wayah
kito ing tembe wingking dados penerus ingkang sholeh-sholehah. Amin ya robbal
alamin.
Minongko penutupipun khotbah puniko, ing
mriki kawulo ngemutaken bilih ing zaman akhir puniko kathah tiyang ingkang
anggenipun ngarahaken putero wayah namung terbatas dateng arahan kadunyan
mawon. Perhatosan pendidikan agami dipun kalahaken. Ngingeti ingkang kados
mekaten, kito umat Islam sampun ngantos terpengaruh ingkang kados mekaten.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ
بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم. اِنَّهُ هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم.
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم. يَا اَيُّهَا اْلذِيْنَ
أمَنُوْاقُوْا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارَا الَّتِىْ وَقُوْدُهَا النَّاسُ
وَاْلِجَارَةُعَلَيْهَامَلَئِكَةُغِلاَظٌ شِدَادٌلاَيَعْصُوْنَ اللَّهَ مَا
اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَايُؤْمَرُوْن. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ
وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن