Khutbah Jum'at bulan Muharrom.
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ جَعَلَ السَّعَادَةَمَوْقُوْفَةًعَلَى
تَأْدِيْبِ النَّفْسِ وَتَطْيِيْبِهَاوَتَرْكِيَتِهَاوَتَطْهِيْرِهَا.وَجَعَلَ
شِقَاءَهَافِىْ فَسَادِهَاوَخُبْشِهَا.اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ
وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةًتُنْجِىْ مِنَ اْلعَذَابِ
قَائِلَهَا.وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
الدَّاعِىْ اِلَى اْلخَيْرَاتِ وَمُبْدِئُهَا
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى
سَيِّدِنَاوَمَوْلاَنَامُحَمَّدٍاْلمُتَّصِفِ بِمَكَارِمِ اْلاَخْلاَقِ
وَمَحَاسِنِهَا.وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةًوَسَلاَمًادَائِمَيْنِ
مُتَلاَزِمَيْنِ اِلَى يَوْمِ اْلقِيَامَةِيَوْمَ اَخْرَجَتِ اْلاَرْضُ اَثْقَالَهَا.اَمَّابَعْدُفَيَاعِبَادَاللَّه!اِتَّقُوا
اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا اَنْكُمْ دَخَلْتُمْ فِىْ عَامٍ
جَدِيْد.فَاَكْثِرُوْامِنَ التَّوْبَهِ
وَاْلاِسْتِغْفَارِوَاهْتَمُّوْابِمَاتَصْلُحُ بِهِ النَّفْسُ عَمَّايُقَرِّبُ
اِلَى هَلاَكِهَا
Poro rawuh ingkang minulyo!
Monggo samiyo netepi
taqwa dumateng Allah Ta’ala. Tegesipun tansah netepi dawuh-dawuhipun lan nebihi
awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih kulo panjenengan sedoyo sawek madhep
dateng tahun inggal. Ateges yuswo kulo panjenengan sampun tambah sepuh, tambah
setahun malih. Milo monggo samiyo ngoco lan ngemut malih dumateng peribadi
kito, punopo mawon ingkang sampun kito tindaaken sak lebeting setahun
kapengker. Lan sampun dumugi pundi anggen kito anggatosaken dumateng nasibipun
awak. Punopo anggenipun deleh awak sampun leres, anggenipun amal sholeh sampun
kathah, punopo malah sewaliipun, langkung kathah anggenipun andurusi howo
nafsu.
Sak sampunipun mekaten,
monggo samiyo ningkataken anggenipun gatosaken dumateng awak kito
piyambak-piyambak. Monggo samiyo ningkataken anggenipun ngajak lan gelemaken
awak kito dumateng kebagusan lan amal sholeh. Jalaran bejo lan cilikanipun umat
manungso puniko gumanteng dumateng
peribadinipun piyambak-piyambak. Menawi awak peribadi kito puniko kito selehaken
kanthi sak mestinipun, lajeng kito resiki lan kito iseni kebagusan, insya Allah
badhe kabekto dateng kesahenan wonten ing tembe wingking. Kosok wangsulipun,
menawi awak kito puniko kito umbar tanpo kito perhatosaken, lajeng akhiripun
ngantos dipun kuwasani dining howo nafsu, inggih ateges bekto awak piyambak
kito dateng kerusakan.
Kados dawuhipun Gusti Allah Ta’ala:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم:قَدْاَفْلَعَ مَنْ زَكَّاهَاوَقَدْخَابَ مَنْ دَسَّهَا
Artosipun
kirang langkung: “Temen-temen bejo wongkang ngresiki atine, lan temen-temen
tuno wongkang ngregeti atine.” (Al-Qur’an, Surat Asy-Syams: 9-10)
Milo, madhep ing tahun inggal puniko,
monggo kito sami langkung gatos anggenipun ngrekso peribadi kito. Ingkang
sampun kadhung keliwat inggih kantun dipun tobati mawon ingkang sak
leres-leresipun, jalaran kanthi tobat puniko duso lan kalepatan kito badhe
dipun lebur dining Gusti Allah Ta’ala:
Kados
dawuhipun wonten ing Al-Qur’an:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم:يَآايُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوَّاتُوْبُوْآاِلَى اللَّهِ
تَوْبَةًنَصُوْحَا.عَسَى رَبُّكُمْ اَنْ يُكَفِّرَعَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ
وَيُدْخِلَكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِىْ مِنْ تَحْتِهَا اْلاَنْهَارُ
Artosipun
kirang langkung: “He iling-iling wongkang podho iman kabeh, podho tobato
siro kabeh kelawan tobat kang murni, menowo-menowo Pangeran siro kabeh nglebur
keluputan-keluputan siro kabeh lan manjingaken siro kabeh ing suwargo kang ono
ngisor-ngisore mili bengawan-bengawan.” (Al-Qur’an, Surat At-tahrim: 8)
Sak lajengipun kanthi ngathah-ngathahaken
muroqobah, yakni tansah rumahos bilih obahing anggoto soho krenteking manah
puniko tansah dipun pirsani dining Gusti Allah Ta’ala. Keranten Gusti Allah
Ta;ala sampun dawuhaken:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرََّجِيْم.وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَافِىْ اَنْفُسِكُمْ
فَاحْذَرُوْه
Artosipun
kirang langkung: “Lan ngertio yen Gusti Allah iku pirso ing barang-barang
kang tetep ing dalem piro-piro ati siro kabeh, mulo podho wediyo siro kabeh ing
Gusti Allah.” (Al-Qur’an, Surat Al-Baqoroh: 235)
Kanthi ngathah-ngathahaken muroqobah kolo
wahu lajeng kito saget ngatos-ngatos wonten ing saben-saben tingkah. Mboten
semberono. Keranten sedoyo tumindak kito wonten ing ngalam ndunyo puniko badhe
wangsul maleh dumateng kito. Menawi sahe insya Allah ing tembe wingkingipun
sahe. Semanten ugi kosok wangsulipun.
Lajeng akhiripun, kito kedah tansah
muhasabah, yakni niti awak peribadi kito, sampun dumugi pundi anggenipun
cawis-cawis amal sholeh kagem sanguning pejah. Soho ngathahaken mujahadah,
utawi merangi nafsu. Ngemuti dawuhipun Gusti Allah Ta’ala:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم:يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْنَفْسٌ مَاقَدَّمَتْ
لِغَدٍوَاتَّقُوا اللَّهَ.اِنَّ اللَّهَ خَبِيْرٌبِمَاتَعْمَلُوْن
Artosipun
kirang langkung: “He iling-iling wongkang podho iman, podho wediyo siro
kabeh ing Gusti Allah lan becik angen-angeno awak-awakan ing perkoro kang wus
kok lakoni kanggo dino sesuk (akhirat) lan podho taqwaho siro kabeh ing Gusti
Allah. Saktemene Gusti Allah iku Dzat kang waspodo kelawan barang-barang kang
siro lakoni.” (Al-Qur’an, Surat Al-Hasyr: 18)
Mekaten punikolah poro rawuh, milo menawi
kito saget ngathah-ngathahaken tobat, muroqobah, muhasabah lan mujahadah insya
Allah ing tahun-tahun ingkang dipun adhepi, kito saget pikantuk gesang ingkang
langkung sahemenggah Gusti Allah Ta’ala. Amin.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِىْ القُرْآنِ
اْلعَظِيْم وَنَفَعَتِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم انَّهُ
هُوَاْلبَّرُالرَّؤُفُ الرَّحِيْم.اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم:وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْافِيْنَالَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَاوَاِنَّ
اللَّهَ لَمَعَ اْلمُحْسِنِيْن وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ
خَيْرُالرَّاحِمِيْن
