Khutbah Jum'at bulan Safar
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِى خَلَقَ اْلاِنْسَانَ مِنْ
ذَكَرٍوَاُنْثَى.وَجَعَلَهُمْ شُعُوْبًاوَقَبَائِلَ
لِيَتَعَارَفُوْاوَاَكْرَمُهُمْ عِنْدَاللَّهِ
هُوَاْلاَتْقَى.وَاَمَرَبِالتَّوَاصِىْ بَيْنَهُمْ بِاْلحَقِّ
وَالصَّبْرِوَسُلُوْكِ سَبِيْلٍ سَوَى
اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ عَلَى اْلعَرْشِ
اسْتَوَى.وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِىْ
اِلَى اْلهُدَى
اَللَّهُمَ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى
اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَهْلِ التُّقَى.اَمَّابَعْدُ:فَيَاعِبَادَاللَّهِ!اِتَّقُوا
اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللَّهَ اَمَرَكُمْ بِالتَّعَارُفِ
وَاْلمُعَاشَرَةِعَلَى اْلخَيْرِوَالتَّعَاوُنِ بَيْنَكُمْ عَلَى
اْلبِرِّوَالتَّقْوَى
Poro rawuh ingkang minulyo!
Monggo samiyo
ningkataken malih anggenipun taqwa dumateng Gusti Allah Ta’ala. Tegesipun
ningkataken anggenipun nderek dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo
awisan-awisanipun.
Lan monggo kito minongko
umat Islam sami ngugemi toto coroning gesang midherek ajaran Islam. Agami Islam
minongko agami haq lan sampun dipun sampurnaaken dining Gusti Allah. Gusti
Allah sampun paring toto coro utawi konsep gesang.
Gusti Allah Ta’ala dawuh wonten ing Al-Qur’anul Karim:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم:اِنَّاخَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍوَاُنْثَى وَجَعَلْنَاكُمْ
شُعُوْبًاوَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوْا اِنَّ اكْرَمَكُمْ عِنْدَاللَّهِ اَتْقَكُمْ
Artosipun
kirang langkung: “Sak temene Ingsun wus dadeake siro kabeh saking lanang lan
wadon, lan ingsun dadeake siro kabeh ing pirang-pirang bangsa lan pirang-pirang
suku supoyo siro kabeh podho kenal. Sak temene luwih mulyane siro kabeh iku
luwih taqwane siro kabeh. “ (Al-Qur’an, Surat Al-Hujurat: 13)
Saking dawuh Al-Qur’an ing nginggil, kito
mengertos bilih agami Islam ngajaraken, manungso puniko katitahaken dining
Allah rupi pinten-pinten bangsa lan suku, supados antawis setunggal lan
setunggalipun sami saling kenal, berkomunikasi, lajeng gesang sareng kanthi hak
ingkang sami. Mboten wonten bentenipun antawis setunggal lan setunggalipun.
Sami ugi sugih utawi miskin, Tiyang pangkat utawi rakyat, Penjabat utawi
petani. Juragan utawi buruh, Kulit ireng utawi kulit putih, lan sak
panunggalanipun.
Sedoyo manungso puniko sami menggah agami
Islam. Bentenipun derajat manungso puniko namung saking arah taqwa utawi
ajrihipun dumateng Gusti Allah. Sinten mawon ingkang lagkung ageng taqwanipun
dumateng Gusti Allah, sinahoso buruh, petani utawi kafir miskin, tetep langkung
mulyo menggah Gusti Allah Ta’ala. Artosipun, piyambaipun ingkang langkung
berhak nampi piwales ganjaran lan kamulyan wonten ing ngarso dalem Allah Swt.
Milo mboten kawestanan tiyang ingkang
ngugemi ajaran Islam, menawi tiyang kolo wahu damel jurang pemisah dumateng
tiyang lintu keranten kesugihan, pangkat lan sesaminipun. Lajeng rumahos
langkung mulyo, mboten purun serawung bermasyarakat, gumedhe lan sesaminipun.
Ngaten puniko temtu malah ino lan asor menggah agami Islam.
Sak lajengipun
monggo kito gatosaken dawuh dalem Allah Swt:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم
وَتَعَاوَنُوْاعَلَىْ البِرِّوَالتَّقْوَى وَلاَتَعَاوَنُوْاعَلَى اْلاِثْمِ
وَاْلعُدْوَان
Artosipun
kirang langkung: “Lan podho tulung-tinulungono siro kabeh ingatase kebagusan
lan taqwa. Lan ojo podho Tulung tinulung ingatase duso lan sesateron.” (Al-Qur’an, surat Al-Maidah:
2)
Gusti Allah perintah dumateng kito supados
atawis kito lan sesaminipun samiyo tulung tinulung kanthi adedasar kebagusan
lan taqwa, boten adedasar sugih bondho, pangkat, jabatan lan sak
panunggalanipun. Anamung pokok arahipun injih puniko dumateng kebagusan lan
taqwa. Tegesipun dumateng sinten mawon, sami ugi sugih utawi fakir miskin,
gadhah pangkat utawi mboten.
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم:
وَاْلعَصْرِاِنَّ اْلاِنْسَانَ لَفِىْ خُسْرِاِلاَّالَّذِيْنَ آمَنُوْاوَعَمِلُوا
الصَّلِحَتِ وَتَوَاصَوْابِاْلحَقِّ وَتَوَاصَوْابِالصَّبْر
Artosipun
kirang langkung: “Demi mongso! Sak temene manungso iku yekti ing dalem
kapitunan kejobo wong-wong kang podho iman lan ngamal sholeh lan podho
wasiat-wasiatan kelawan perkoro haq (iman) lan sabar (ingatase ngabekti lan
duroko).” (Al-Qur’an, surat Al’Ashr: 1-2)
Wonten ayat nginggil Gusti Allah negasaken
bilih hakikatipun manungso puniko netepi kapitunan, mboten wonten artine, ino
lan asor, kejawi tiyang-tiyang ingkang sami iman, sami ngamal sholeh, sami
wasiat dumateng sesami kanthi iman lan sabar. Tiyang utawi manungso sinten
mawon mboten wonten artose menawi mboten kados mekaten.
Milo monggo poro rawuh! Kito sami menyadari kedudukan kito minongko
umat manungso ingkang beriman dumateng Gusti Allah. Lan monggo kito amalaken
sedoyo perintahipun Gusti Allah Ta’ala. Menawi saget nyadhari mekaten, lajeng
purun tulung-tinulung antawis sesami, mongko tiyang puniko ingkang badhe
pikantuk pengayomanipun Pengeran. Kados dawuh hadis ingkang dipun riwayataken
sohabat Abu Huraira:
مَنْ نَفَّسَ كَرْبَةَمِنْ كُرَبِ
الدُّنْيَانَفَّسَ اللَّهُ عَنْهُ كَرْبَةًمِنْ كُرَبِ يَوْمِ اْلقِيَامَةِ.وَمَنْ
يَسَّرَعَلَى مُعْسِرِيَسَّرَاللَّهُ عَلَيْهِ فِى الدُّنْيَاوَاْلاَخِرَةِ.وَمَنْ
سَتَرَمُسْلِمًاسَتَرَهُ اللَّهُ فِى الدُّنْيَاوَاْلاَخِرَةِ.وَمَنْ
سَتَرَمُسْلِمًاسَتَرَهُ اللَّهُ فِى الدُّنْيَاوَاْلاَخِرَةِ.وَاللَّهُ فِىْ
عَوْنِ اْلعَبَدِمَاكَانَ اْلعَبْدُفِىْ عَوْنِ اَخِيْةِ
Artosipun kirang langkung: “Sopo wonge
ngilangi kesusahan dunyo siji, mongko Allah ngilangi kesusahan siji ono dino
kiamat. Lan sopo wonge gawe gampang marang wongkang kangelan, mongko Allah
paring gampang ono dunyo lan akhirat. Lan sopo wonge nutupi olone wong muslim, mongko Allah Ta’ala nutupi
olone deweke ono dunyo lan akhirat. Lan allah tansah nulungi kawulone, selagi
deweke nulung sedulure.”

