Khutbah Jum'at bulan Rabiul Awal
السَّلَامُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ
الَّذِىْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ لِيُتَمِّمَ مَكَارِمَ
اْلاَخْلاَق.وَجَعَلَهَاعَلاَمَةًلِحُسْنِ اِسْلاَمِ اْلعِبَادْ.فَطُوْبَى لَمِنْ
تَحَلَّى بِهَاوَبَمِحَاسِنِهَاوَتَخَلَّى عَنِ السَّيِّئَات.اَشْهَدُاَنْ
لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اْلمُتَّصِفُ
بِاْلكَمَالاَت.وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بَلَغَ بِحُسْنِ خُلُقِهِ عَظِيْمَ
الدَّرَجَاتِ
اَللَّهُمَّ
فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍالدَّاعِىْ اِلَى
اْلخَيْرَاتِ.وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اخْتَلَفَتِ اْلاَيَّامُ
وَالسَّاعَات.اَمَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّه! اِتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى
وَاعْلَمُوْا اَنَّ النَّفْسَ اِذَا اَهْمَلَتْ مَكَارِمَ اْلاَخْلاَقِ فَلَمْ
تُهَذَّبْ وَاَصْبَحَ اْلقَبِيْحُ مَحْبُوْبًالَهَاوَاْلجَمِيْلُ
مَكْرُوْهَالَهَافَقَدْدُعِيَتْ اِلَى اْلفَسَاد
Poro rawuh ingkang minulyo!
Monggo samiyo netepi
taqwa dumateng Allah. Tegesipun tansah anderek dawuh-dawuhipun lan nebihi
awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih kito sak meniko mlebet wonten ing wulan
ingkang bersejarah, inggih puniko wulan kelahiranipun jabang bayi ingkang dados
obor lan pepadhangipun ngalam dunyo, yakni Rasulullah Saw.
Dene meringati wulan
kelahiranipun Kanjeng Nabi puniko artosipun ngemuti malih sedoyo perkawis
ingkang kaemot wonten ing peribadi Rasulullah, ingkang supados dipun dadosaken
tulodho sak lebeting kito gesang.
Wonten ing peribadi
Rasulullah puniko kaemot sedoyo sifat kasempurnaning manungso. Ananging wonten
salah setunggaling perkawis ingkang paling menonjol, yakni akhlak utawi budi
pakerti. Ngantos-ngantos Gusti Allah Ta’ala ‘alem wonten ing dawuhipun:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم:وَاِنَّكَ لَعَلَى خُلُقٍ عَظِيْم
Artosipun
kirang langkung: “Lan setuhune siro Muhammad yektine netepi pakerti-pakerti
kang agung.” (Al-Qur’an, surat Al-Qolam: 4)
Sak lajengipun, kito penting mangertosi,
kinging nopo kok ingkang menonjol sanget wonten ing peribadi Rasulullah puniko
babagan Akhlakul Karimah?
Masalah puniko poro rawuh, kejawi panci
Kanjeng Nabi puniko dipun utus supados nyempurnaaken akhlak, ugi tumerap
umatipun minongko dados pertondo saking bagus lan sempurnaning iamn saben-saben
tiyang. Kados dawuhipun Kanjeng Nabi:
اَكْمَلُ اْلمُؤْمِنِيْنَ اِيْمَانًا
اَحْسَنُهُمْ اَخْلاَقًا
Artosipun
kirang langkung: “Luwih sampurnane imane wongkang podo iman iku wongkang
luwih bagus akhlake.”
Malah-malah naliko Kanjeng Nabi dipun
suwuni pirso masalah kathah-kathahipun perkawis ingkang andadosaken sebabing manjing suwargo,
panjenganipun dawuhaken
تَقْوَى اللَّهِ وَحُسْنُ اْلخُلُقِ
Yakni taqwa
dumateng Allah lan bagusing pakerti.
Milo, minongko meringeti Maulid Nabi puniko monggo kito sami ningkataken
anggenipun bagusaken budi pakerti. Wonten ing tingkah punopo mawon lan wonten
ing pundi-pundi panggenan. Ngantos akhlakul karimah puniko sak estu-estu
tumancep lan dados kewatekan kulo lan panjenengan sedoyo.
Dene setengah saking akhlakul karimah
puniko dipun ngendikaaken dining Imamul Hasan Al-Bashri:
حُسْنُ اْلخُلُقِ بَسْطُ اْلوَجْهِ وَبَذْلُ
النَّدَى وَكَفُّ اْلاَذَىَ
Artosipun
kirang langkung: “Baguse pakerti iku ajere perahupan, nyerahaken peparing
lan nyegah piloro. “
Tegesipun, pakerti bagus puniko ketawis
saking ajeripun perahupan, ramah tamah kaliyan sinten mawon, lan purun sodaqoh,
amal sholeh lan mboten purun damel sakitipun tiyang sanes.
Ngaten puniko poro rawuh, milo monggo kito
ambudi doyo ngamalaken dawuh-dawuh ing
nginggil. Mugi-mugi kanthi mekaten, kito kalebet umatipun Kanjeng Nabi ingkang
saget anderek niru pakerti pinuji kados ingkang sampun dipun tindaaken dining
Kanjeng Rasulullah, ingkang akhiripun kulo lan panjenengan sedoyo benjang
wonten dinten kiamat saget pikantuk derajat luhur lan parek dumateng Kanjeng
Nabi Muhammad Saw. Amin ya robbal alamin.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ
وَلَكُمْ فِىْ القُرْآنٍ اْلعَظِيْم.وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلاَيَاتِ
وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم.اِنَّهُ هَوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ
الرَّحِيْم.اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم لَقَدْجَآءَكُمْ
رَسُوْلٌ مِنْ اَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌعَلَيْهِ مَاعَنِتُمْ حَرِيْضٌ عَلَيْكُمْ
بِاْلمُؤْمِنِيْنَ رَؤُفٌ رَحِيْم.وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ
خَيْرُالرَّاحِمِيْن
