Khutbah ied adha
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ
وَبَرَكَ تُهْ
اَللَّهُ اَكْبَر. اَللَّهُ اَكْبَر. اَللَّهُ
اَكْبَر. اَللَّهُ اَكْبَر. اَللَّهُ اَكْبَر. اَللَّهُ اَكْبَر. اَللَّهُ
اَكْبَر. اَللَّهُ اَكْبَر. اَللَّهُ اَكْبَر. اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ
اَنْعَمَ عِبَادَهُ بِنِعَمٍ لاَتُعَدُّوَلاَتُحْصَى وَاَشْكُرُهُ عَلَى عَطَائِهِ
وَفَضِيْلَتِهِ الَّتِىْ لاَتُسْتَقْصَى. وَاَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ
وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةًتُنْجِىْ قَائِلَهَامِنْ نَارِلَظَى.
وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِىُّ
اْلمُصْطَفَى
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى
سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ ذَوِىْ اَلهُدَى اَمَّابَعْدُ:
فَيَاعِبَادَاللَّه! اِتَّقُوْا اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ يَوْمَكُمْ
هَذَايَوْمٌ عَظِيْم. يَوْمٌ اِبْتَلَى اللَّهُ اِبْرَاهِيْمَ عَلَيْهِ السَّلاَمُ
بِاْلاَمْرِبِذَبْحِ ابْنِهِ فَصَبَرَوَامْتَثَلَ فَجَعَلَ اللَّهُ جَزَاءَهُ
اْلحُسْنَى
Poro rawuh
ingkang minulyo!
Monggo samiyo netepi taqwa dumateng Allah
Swt. Tegesipun tansah andherek dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo
awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih wonten ing dinten riyoyo Idul Adha
puniko kito mrengeti setunggal kedadosan agung wonten ing zamanipun Nabi
Ibrahim a.s.
Kolo semanten Kanjeng Nabi Ibrahim a.s
ingkang sampun melebet yuswo sepuh kepingin sanget kagungan putro. Sak
sampunipun wungsal-wangsul dedungo dumateng Allah lajeng Allah paring
kanugerahan putro jaler ingkang asmo Isma’il.
Kolo semanten, boten kanten-kantenan
bingahipun Nabi Ibrahim. Putro kasebat dipun ramut kanthi sak estu dining romo
lan ibunipun ngantos dumugi yuswo lare. Ananging dumadaan turun perintah saking
ngerso dalem Allah, supados Nabi Ibrahim a.s. nyembelih putro alitipun.
Kito saget ambayangaken kados pundi
awratipun. Lare ingkang dipun ajeng-ajeng lahiripun, ingkang dipun
jadhang-jadhang supados ing tembe wingking saget nerusaken perjuanganipun
ingkang romo, kok kedah dipun sembelih. Anamung kados pundi malih, gandheng perintah
puniko panci saking ngerso dalem Allah, Nabi Ibrahim namung pasrah lan
tawakkal. Sedoyonipun dipun wangsulaken dining Allah. Akhiripun Nabi Ibrahim
taren dumateng putronipun, kados ingkang kadawuhaken wonten ing Al-Qur’an,
surat Ash-Shoffat, wonten ing ayat 102:
قَالَ اِنِّى اَرَى فِى اْلمَنَامٍ اَنِّىْ
اَذْبَحُكَ فَانْظُرْمَاذَاتَرَى
Nabi Ibrahim
andangu: ‘Sak temene ingsun ngimpi yen ingsun nyembelih seliramu. Mulo kepriye angen-angenmu,
anakku?’”
Boten kasongko-songko Ismail paring
wangulan ingkang tegas:
يَآاَبَتِ افْعَلْ مَاتُؤْمَرُسَتَجِدُنِىْ اِنْ
شَاءَاللَّهُ مِنَ الصَّابِرِيْن
“Aduh bopo,
monggo panjenengan tindaaken punopo ingkang dipun dawuhaken. InsyaAllah
panjenengan manggihi kawulo kalebet tiyang-tiyang ingkang shobar,”
Lajeng sak estu Nabi Ibrahim lan Isma’il
bidhal wonten salah setunggalipun panggenan kanthi rahos tawakkal dumateng
Allah. Nah, wonten ing wekdal punikolah iblis milahi ngreridhu dateng
panjenenganipun. Sedoyo coro dipun lampahi amrih anggalaken niat andherek
perintahipun Pengeran. Ujaripun iblis:
اَلاَتَرَى اِعْتِدَالَ قَامَتِهِ وَحُسْنَ
صُوْرَتِهِ، وَلَطَافَةَسِيْرَتِهِ؟
“Punopo
panjenengan boten mirsani gagahipun Isma’il, bagusipun lan pinujining toto
keromonipun?”
Cekaipun, Nabi Ibrahim dipun bujuk dining
iblis supados nilar dawuhipun Gusti Allah kanthi sedoyo coro. Ananging
panjenenganipun sampun mantep lan mantheng bilih dawuhipun Allah puniko haq,
boten badhe bekto ciloko dumateng kawulanipun. Akhiripun, pangridhuning iblis
boten mempan. Ananging gagal
ngreridhu Nabi Ibrahim, iblis gantos ngreridhu Isma’il, Ugi kanthi sedoyo reko
doyo lan pambujuk. Ananging Isma’il ugi boten goyah. Isma’il sampun yakin bilih
sedoyo makhluk puniko kangunganipun Gusti Allah. Milo menawi Gusti Allah
ngersaaken mundhut, manungso boten perlu silak untuk menghindar.
Akhiripun minongko usaha terakhir iblis
lajeng ngreridhu dumateng ibunipun, yakni Dewi Hajar.
Ananging Dewi Hajar ugi sampun mantep lan
yakin bilihdawuhipun Pengeran puniko haq, boten sasar. Gusti Allah boten bakal
paring dawuh ingkang mungkar, punopo malih dumateng utusanipun.
Akhiripun, pangridhunipun iblis babar
pindhah boten wonten hasilipun. Dawuhipun Gusti Allah dipun tindaaken kanthi
ikhlas lan tawakkal. Lajeng ningali rahos tawakkal lan kandelipun iman keluarga
Nabi Ibrahim, Gusti Allah paring piwales ingkang agung. Isma,il boten siyos
disembelih, dipun gantos wedhus gibas saking suwargo. Lajeng ngantos zaman sak
puniko sejarahipun Nabi Ibrahim dipun langgengaken kanthi rupi ibadah qurban
wonten ing riyoyo Idul adha.
Poro rawuh
ingkang minulyo!
Saking kedadosan sejarah Nabi Ibrahim kolo
wahu kito saget mundhut piwulang ingkang agung sanget. Ing antawisipun bilih
sedoyo perkawis ingkang sampun dipun pasrahaken dumateng Gusti Allah puniko
badhe nuwuhaken piwales ganjaran lan kebagusan. Kejawi puniko, kito minongko
tiyang ingkang sampun berumah tangga, sak saget-sagetpun saling mendukung dateng
kesahenan. Antawis bapak ibu lan poro putro kedah manunggal madhep dumateng
Pengeran. Kanti mekaten insya Allah dados keluarga ingkang bahagia, tentrem lan
tansah kempal ngantos dumugi akhirat. Amin.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ
بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم. اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم اِنَّا اَعْطَيْنَاكَ اْلكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَاْنَحِرْ.
اِنَّ شَانِئَكَ هُوَاْلاَبْتَر. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ
خَيْرُالرَّاحِمِيْن
