Khutbah jum at bulan Ramadhan
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ
وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ اَنْزَلَ
السَّكِيْنَةَعَلَى الذَّاكِرِيْنَ اللَّهَ وَالذَّاكِرَات. وَحَفَظَهُمْ عَنِ
اْلوُقُوْعِ فِى الزَّلاَّت. وَغَشِيَهُمْ بِالرَّحْمَةِوَاْلحَسَنَات.
اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اْلمُتَّصِفُ
بِجَمِيْعِ اْلكَمَالاَت. وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُالسَّادَات
َللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى
سَيِّدِنَامُحَمَّدٍالَّذِىْ لَمْ يَفْتُرْعَنِ الذِّكْرِفِىْ جَمِيْعِ
اْلحَالاَت. وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يَذْكُرُوْنَ اللَّهَ
قِيَامَاوَقُعُوْدًاوَعَلَى جُنُوْبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِىْ اْلمَخْلُوْقَات.
اَمَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّه! اِتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى وَاذْكُرُوا
اللَّهَ كَثِيْرًالَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن
Poro rawuh
ingkang minulyo!
Monggo samiyo netepi taqwa dumateng Allah
Swt. Tegesipun tansah andherek dumateng dawuh-dawuhipun lan nebihi dateng
sedoyo awisan-awisanipun.
Lan monggo samiyo ngathah-ngathahaken
dzikir dumateng Allah Swt. Wonten ing tingkah nopo mawon lan wonten ing pundi
panggenan pundi kemawon. Wonten ing tingkah seneng utawi sisah, wonten ing
tingkah jembar utawi rupek, lan naliko piyambaan utawi ing tengah-tengah
kumpulan Jalaran dzikir dumateng Allah puniko agung sanget manfaatipun lan
ganjaranipun tiyang ingkang kathah dzikiripun puniko badhe ngrahosaken
tentremipun gesang. Amargi manahipun tansah kumantil dumateng Pengeran.
Piyambakipun tansah saget emut bilih sak jatosipun manungso puniko namung sak
dermo ngelampahi gesang. Sedoyonipun sampun dipun atur dining Dzat ingkang maha
kuwahos.
Kejawi mekaten, dzikir puniko badhe dados sebabipun tumuruning rohmat lan
lintu-lintunipun. Wonten ing setunggalipun hadis dipun sebataken.
عَنْ اَبِىْ هُرَيْرَةَوَعَنْ اَبِىْ
سَعِيْدِرَضِىَ اللَّهُ عَنْهُمَاقَالاَ: قَالَ رَسُوْلُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: لاَيَقْعُدُقَوْمٌ يَذْكُرُوْنَ اللَّهَ اِلاَّحَفَّتْهُمُ
اْلمَلَئِكَةُوَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُوَنَزَلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُوَذَكَرَهُمُ
اللَّهَ فِيْمَنْ عِنْدَهُ
Artosipun
kirang langkung: “Ora lungguh sopo kaum kang podo dzikir marang Allah kejobo
poro malaikat podo ngupengi lan rohmat Pengeran tumurun, lan penganteng
pengantenge ati tumurun ingatase wong-wong mahu, lan Allah nutur wong-wong mahu
marang makhluk kang ono ing ngersane. (Hadis riwayat Imam Muslim)
Mekaten dawuhipun Kanjeng Nabi. Dados kito
baten perlu sumelang. Menawi purun ngathah-ngathahaken anggenipun dzikir, Gusti
Allah badhe paring wales ingkang boten kanten kantenan agungipun.
Milo monggo poro rawuh! Kito sami ambudi
doyo ngathah-ngathahaken dzikir dumateng Allah Ta’ala. Monggo kito latih saking
sekedhik kados to menawi bibaran sholat gangsal wekdal sholat Jum’at lan sak
piturutipun. Dzikiripun kanthi mahos kalimat thoyyibah, sholawat utawi
wahosan-wahosan ingkang dipun sageti Pokokipun saget ajek ngantos dados
kebiasaan Menawi saget mekaten insya Allah manah kito kerahos tentrem ayem.
Kados pundi mawon kawontenanipun gesang, manah tetep anteng, lapang lan jembar.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ
بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم.اِنَّهُ هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم.
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم: وَاذْكُرْرَبَّكَ فِىْ نَفْسِكَ تَضَرُّعَاوَخِيْفَةًوَدُوْنَ
اْلجَهْرِمِنَ اْلقَوْلِ بِاْلغُدُوِّوَالاَصَالِ وَلاَتَكُنْ مِنَ اْلغَافِلِيْن.
وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن
