Khutbah Kangge Bulan Ramadhan
اَلسَّلَامُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ
الَّذِىْ ضَاعَفَ فِىْ رَمَضَانَ اْلحَسَنَات وَمَحَافِيْهِ الخَطِيْئَات.
وَرَفَعَ عَلَى الصَّائِمِيْنَ اِيْمَانًاوَاحْتِسَابًادَرَجَات وَاَعْتَقَ فِيْهِ
الَّذِيْنَ يُجْرِمُوْنَ مِنْ اَلِيْمِ اْلعَذَاب. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ
اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. اَجْزَلَ ثَوَابَ اْلمُطِيْعِيْنَ
وَالَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّلِحَت. وَاَشْهَدُاَنَّ
سَيِّدَنَامُحَمَّدَاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِىُ اِلَى اْلخَيْرِوَتَرْكِ
السَّيِّئَات
اَللَّهُمَّ
فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ
صَلاَةًوَسَلاَمًادَائِمَيْنِ مُتَلاَزِمَيْنِ اِلَى يَوْمِ اْلحِسَاب.
امَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّه اِتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ
الصِّيَامَ مَمْلُوْءٌبِاْلفَضَائِلِ وَاْلحِكَمِ وَاْلفَوَائِد.
فَاحْفَظُوْاصِيَامَكُمْ عَنِ اْلمُكَدِّرَات
Poro rawuh ingkang minulyo!
Monggo kito sami netepi
taqwa dumateng Allah. Ateges nindaaken dawuh-dawuhipun lan nebihi
awisan-awisanipun.
Lan mangertoso bilih
ibadah shiyam ingkang sawek kito tindaaken puniko ngandung kautaman, faedah lan
hikmah ingkang agung sanget. Wonten ing setunggalipun hadis dipun dawuhaken:
مَامِنْ عَبْدِيَصُوْمُ
يَوْمًافِىْ سَبِيْلِ اللَّهِ اِلاَّبَاعَدَاللَّهُ بِذَلِكَ اْليَوْمِ وَجْهَهُ
عَنِ النَّارِسَبْعِيْنَ خَرِيْفًا
Artosipun kirang
langkung: “Ora ono sewiji kawulo kang ngelakoni poso ono sak wijining dino
kerono Allah kejobo Allah Ta’ala ngedohake deweke lantaran sedino mahu saking
neroko kelawan pitung puluh tahun.” (Hadis Riwayat Imam Bukhari lan
Muslim, saking Abu Hurairah r.a.)
وَقَالَ رَسُوْلُ
اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: اِنَّ فِى اْلجَنَّةِبَابًايُقَالُ
لَهُ الزَيَّانُ يَدْخُلُ مِنْهُ الصَّائِمُوْنَ يَوْمَ اْلقِيَامَةِلاَيَدْخُلُ
مِنْهُ اَحَدٌغَيْرُهُمْ. يُقَالُ اَيْنَ الصَّائِمُوْنَ؟ فَيَقُوْمُوْنَ
لاَيَدْخُلُ مِنْهُ اَحَدُغَيْرُهُمْ فَاِذَادَخَلُوْا اُغْلِقَ فَلَمْ يَدْخُلْ
مِنْهُ اَحَدٌ
Artosipun kirang langkung: “Rasulullah Saw. dawuh: ‘Sak temene ono
suwargo iku ono lawing kang den arani lawing Royyan, kang saking lawing iku
wong-wong kang podo poso podo manjing (suwargo) ing dalem dino kiamat. Ora ono wong
liyo kang manjing saking lawing iku. Ing kono den ucapake: ‘Ono endi wong-wong
kang podo ngelakoni poso?’ Nuli wong-wong mahu podo ngadek. Nuli sak wuse
wong-wong mahu podo manjing, banjur lawange ditutup. Ora ono wong liyo kang manjing saking lawing iku.” (Muttafaqun
alaih)
Mendhet saking katerangan
hadis ing nginggil, cetho sanget bilih ibadah shiyam puniko minongko ibadah
ingkang istimewa sanget. Kanti shiyam sedinten mawon umat manungso dipun
tebihaken saking geni neroko wonten ing wekdal pitung doso tahun. Lajeng
anggenipun manjing suwargo dipun cawisi lawing piyambak, ingkang boten dipun
liwati tiyang lintu.
Dene wonten ing dunyo, siyang
puniko minongko Junnah utawi benteng, kagem benteng manah saking pengajak lan
pangridhuning iblis. Milo monggo kito rekso ibadah shiyam kito kanthi sak estu.
Artosipun sak estu-estu kito niati ingkang Ikhlas. Lan sak lebetipun shiyam
estu-estu anggenipun nindaaken. Lan kito bersihaken saking maksiat, sahinggo
shiyam kito dados shiyam lahir batos. Lahiripun nebihi dhahar lan ngunjuk awit
fajar ngantos suruping srengenge. Lajeng batosipun nebihi saking krentek
pendamelan duroko. Kados ingkang dipun dawuhaken dining Kanjeng Nabi saking
ceritanipun sohabat Abi Hurairah:
وَالصِّيَامُ
جُنَّةٌفَاِذَاكَانَ يَوْمُ صَوْمِ اَحَدِكُمْ فَلاَيَرْفُثْ وَلاَيَصْخَبْ
Artosipun kirang langkung: “Poso iku benteng. Mulo yen dinone poso
siro kabeh teko, ojo gunem olo lan ojo rame-rame (maksiat) (Hadis
riwayat Imam Bukhori)
Ngaten punikolah ingkang
kedah kito gatosaken magayutan kaliyan ibadah shiyam ingkang sawek kito
lampahi. Menawi kito saget ngrekso kanthi sak estu, insyAllah kautaman, hikmah
lan ganjaranipun shiyam saget kito jarah kanthi sampurno. Kito badhe pikantuk piwales
ganjaran agung saking ngerso dalem Allah. Nanging sak wangsulipun, menawi boten
saget ngempet howo nafsunipun, boten mustahil shiyam kito namung ngasilaken
ngelak lan luwe. Kados dawuhipun hadis:
مَنْ لَمْ يَدَعْ
قَوْلَ الزُّوْرِوَاْلعَمَلَ بِهِ فَلَيْسَ لِلَّهِ حَاجَةٌفِىْ اَنْ يَدَعَ
طَعَامَهُ وَشَرَابَهُ
Artosipun kirang langkung: “Sing sopo wonge ora tinggal pangucap olo
lan ama lolo, mongko Allah Ta’ala ora butuh marang olehe tinggal mangan lan
Ngombe.”
Artosipun, Gusti Allah boten badhe paring piwales punopo-punopo. Na’uudzuu
billaahi min dzaalik.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ
وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْم.
وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم.اِنَّهُ
هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم. اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ
الرَّجِيْم: يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْاكُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ
كَمَاكُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونْ. وَقُلْ
رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن
