Khutbah kangge bulan Jumadal Tsani
السَّلَامُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ
الَّذِىْ شَرَّعَ اْلجُمْعَةَعَلَى اْلاُمَّةِاْلمُحَمَّدِيَّة. اَشْهَدُاَنْ
لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ ذُولصِّفَاتِ اْلكَمَالِيَّة.
وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلمَبْعُوْثُ
بِالدِّيْنَ السَّوِىِّ اْلمُتِمِّ لِشَرَائِعِ اْلاَدْيَانِ اْلسَّمَاوِيَّة
اَللَّهُمَّ
فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍذِى اْلمَرَاتِبِ اْلعَلِيَّة.
وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ الَّذِيْنَ اسْتَقَامُوْاعَلَى
الطَّرِيْقَةِاْلمُحَمَّدِيَّة. اَمَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّه! اِتَّقُوا
اللَّهَ تَعَالَى وَاهْتَمُّوْابِاُمُوْرِاْلجُمْعَةِمَايَتَعَلَّقُ بِهَامِنَ
اْلوَظَائِفِ وَالسُّنَنِ وَاْلكَيْفِيَّة
Poro rawuh ingkang minulyo!
Monggo samiyo netepi
taqwa dumateng Allah Swt. Tegesipun tansah nindaaken dawuh-dawuhipun lan nebihi
awisan-awisanipun.
Poro rawuh ingkang minulyo!
Wonten ing kasempatan
puniko kawulo badhe ngaturaken perkawis-perkawis ingkang magayuten kaliyan
sholat Jum’at, sami ugi ingkang wajib utawi ingkang sunat.
Poro rawuh! Kanjeng Nabi Muhammad saw. wonten ing salah
setunggalipun hadis ingkang dipun ceritaaken dining shohabat Abi Hurairah lan
Ibnu Umar r.a. nate dawuh:
لَيَنْتَهِيَنَّ اَقْوَامٌ عَنْ وَدْعِهِمُ
اْلجُمُعَاتِ اَوْلَيَخْتِمَنَّ اللَّهُ عَلَى قُلُوْبِهِمْ ثُمَّ لَيَكُوْنَنَّ
مِنَ اْلغَافِلِيْن
Artosipun kirang langkung: “kaum-kaum iku podo marenono temen
saking tinggal sholat Jum’at utowo Gusti Allah nutup marang atine banjur kaum-kaum mahu temen-temen dadi golongane wong-wong kang podo lali kabeh!”
Mekaten dawuhipun
Kanjeng Nabi. Panjenenganipun anggenipun dawuh babagan kewajiban sholat Jum’at
puniko terang lan keras sanget. Malah-malah kanthi dawuhaken sarono gamblang
dateng akibatipun tiyang ingkang boten purun nindaaken sholat jum’at. Yakni
kalebet golonganipun tiyang ingkang lali. Milo monggo poro rawuh! Kito
Emut-emut ingkang sak estu dawuh kanjeng Nabi kolo wahu.
Wondene perkawis
ingkang perlu kito gatosaken sak derendipun tindak Jum’atan, ing antawisipun
inggih puniko siram, ngagem rasukan ingkang bersih, menawi wonten ingkang
putih, ngagem wawangian, lajeng inggal-inggal bidhal dateng Masjid. Amargi
dipun sebataken wonten ing setunggalipun hadis:
عَنْ اَبِىْ هُرَيْرَةَرَضِىَ اللَّهُ عَنْهُ
قَالَ رَسُوْلُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ اِغْتَسَلَ
يَوْمَ اْلجُمْعَةِغُسْلَ اْلجِنَابَةِثُمَّ رَاحَ فَكَأَنَّمَاقَرَّبَ
بَدَنَةًوَمَنْ رَاحَ فِى السَّاعَةِالثَّانِيَةِفَكَأَنَّمَاقَرَّبَ بَقَرَةًوَمَنْ
رَاحَ فِى السَّاعَةِالثَّالِثَةِفَكَأَنَّمَاَقَرَّبَ كَبْشًا اَقْرَنَ. وَمَنْ
رَاحَ فِى السَّاعَةِالرَّابِعَةِفَكَأَنَّمَاقَرَّبَ دَجَاجَةً. وَمَنْ رَاحَ فِى
السَّاعَةِاْلخَامِسَةِفَكَأَنَّمَاقَرَّبَ بَيْضَةً. فَاِذَاخَرَجَ اْلاِمَامُ
حَضَرَتِ اْلمَلَئِكَةُيَسْتَمِعُوْنَ الذِّكْرَ
Artosipun
kirang langkung: “Cinarito saking Abi Huraira r.a. kanjeng Nabi Saw. dawuh:
‘sing sopo wonge adus ing dino Jum’at kelawan koyo adus jinabat nuli budhal
jum’atan, mongko deweke koyo-koyo shodakoh unto badanah. Dene wongkang budhalan
ono waktu kang kaping pindho mongko deweke koyo-koyo shodaqoh sapi. Dene
wongkang budhalan ono wektu kang kaping telu mongko deweke koyo-koyo shodaqoh
wedhus gibas kang beranggah. Dene wongkang budhalan ono wektu kang kaping papat
mongko deweke koyo-koyo shodaqoh pithik jago. Dene wongkang budhal ono wektu
kang kaping limo mongko-mongko deweke koyo-koyo shodaqoh endok. Terus yen imam
wis metu khotbah mongko poro malaikat podo hadir amrih mirengake khotbah.” (Muttafaqun
alaih)
Mekaten dawuhipun Kanjeng Nabi. Milo
naliko tumuju dinten Jum’at monggo sami sak estu anggenipun cawis-cawis.
Soyo-soyo naliko sampun kepireng adzan, sampun ngantos kito boten migatosaken.
Malah sibuk kaliyan urusan dunyo. Amargi menawi sampun kepireng adzan, sedoyo
perkawis urusan dunyo puniko dipun haromaken. Kados dene adol tinuku lan
sesaminipun. Gusti Allah Ta’ala dawuh:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم.
يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْآاِذَانُوْدِىَ لِلصَّلَوَةِمِنْ يَوْمِ
اْلجُمُعَةِفَاسْعَوْا اِلَى ذِكْرِا اللَّهِ وَذَرُواْ البَيْعَ. ذَلِكُمْ
خَيْرٌلَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْن
Artosipun
kirang langkung: “He wong-wong kang podo iman! Nalikone den adzani sholat
Jum’at mongko inggal-inggalo marang dzikir Allah (sholat) lan tinggalo
adol tinuku. Mengkono mahu luwih bagus kanggo siro kabeh yen kowe kabeh podo
ngerti.” (al-Qur’ab, surat Al-Jumu’ah: 9)
Mekaten dawuhipun Gusti Allah Ta’ala. Milo
monggo kito ambudi doyo ngamalaken keterangan ing nginggil. Insya Allah menawi
saget mekaten, kito badhe pikantuk ganjaran ingkang agung lan pengapuro saking
ngarso dalem Allah Swt. Kados keterangan hadis ingkang dipun ceritaaken
shohabat Abu Hurairah:
مَنْ تَوَضَّأَفَاَحْسَنَ اْلوُضُوْءَثُمَّ
اَنَى اْلجُمْعَةَفَاسْتَمَعَ وَاَنْصَتَ غُفِرَمَابَيْنَهُ وَبَيْنَ
اْلجُمْعَةِوَزِيَادَةُثَلاَثَةِايَّامٍ
Artosipun
kirang langkung: “Sing sopo wonge wudhu terus bagusake wudhune, nuli nekani
Jum’atan nuli nengklengake lan meneng, mongko dusone antarane dino iku lan dino
Jum’at dingapuro, lan isih ditambah telung dino.”
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلجَكِيْم.
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم. يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا
اِذَانُوْدِىَ لِلصَّلَوَةِمِنْ يَوْمِ اْلجُمُعَةِفَاسْعَوْا اِلَى ذِكْرِاللَّهِ
وَذَرُوْا البَيْع. ذَلِكُمْ خَيْرٌلَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْن
