Khutbah bulan Jumadal Ula
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ
تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ جَعَلَ
الصَّلَوةَعِمَادَالدِّيْنَ. فَمَنْ اَقَامَهَافَقَدْاَقَامَ الدِّيْن. وَهِىَ
اْلعَهْدُبَيْنَ اْلمُؤْمِنِيْنَ وَبَيْنَ اْلكَافِرِيْن. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ
اِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ ذُوْالقُوَّةِاْلمَتِيْن.
وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اْلمُؤَيَّدُبِاْلقُرْآنِ اْلمُبِيْن
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى
سَيِّدِنَامُحَمَّدٍقَائِدِاْلمُؤْمِنِيْن. وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ
اْلمُهْتَدِيْنَ اْلمُفْتَقِيْن. اَمَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّهِ! اِتَّقُوا
اللَّهَ وَحَافِظُوْاعَلَى الصَّلَوَاتِ فَاِنَّهَا اَعْظَمُ فَرَائِضِ الدِّيْنِ
وَاَحْدُاَرْكَانِهِ قَالَ اللَّهُ تَعَالَى: حَافِظُوْاعَلَى الصَّلَوَاتِ
وَالصَّلَوَةِاْلوُسْطَى وَقُوْمُوْالِلَّهِ قَانِتِيْن
Poro rawuh
ingkang minulyo!
Monggo samiyo kito ningkataken anggenipun
netepi taqwa dumateng gusti Allah Ta’ala. Tegesipun ningkataken anggenipun
nindaaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun.
Lan mangertoso bilih ibadah sholat ingkang
dados rukun Islam puniko minongko sakanipun agami. Sinten tiyang ingkang purun
negaaken sholat, mongko piyambakipun ateges ngukuhaken agaminipun. Sa
kwangsulipun, sinten tiyang ingkang nilar sholat ateges ngrubuhaken dateng
agaminipun.
Kejawi mekaten, tumerap peribadi
saben-saben tiyang Islam, ibadah sholat puniko agung sanget pengaruhipun
dumateng ketentremaning jiwo (manah). Kados ingkang kadawuhaken wonten ing
Al-Qur’anul karim:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم:
اِنَّ الصَّلاَةَتَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِوَاْلمُنْكَر
Artosipun
kirang langkung: “Sak temene sholat iku yegah marang piro-piro olo lan
munkar.” (Al-Qur’an, surat Al-ankabut: 45)
Tiyang ingkang purun ngelampahi sholat
puniko badhe ngrahosaken tentremipun
batos. Parek dumateng Allah Ta’ala lan nebihi perkawis-perkawis ingkang
nyimpang. Manahipun bersih, keranten kotoran utawi lebuning manah dipun lap
dining ibadah sholat.
Milo monggo poro rawuh! Kito tingkataken
anggenipun anggatosaken ibadah sholat puniko. Ingkang dereng saget ajek
ngelampahi inggih monggo dipun ajekaken wiwit sak meniko. Monggo dipun latih
sekedhik, Lajeng dipun rahosaken manfaatipun.
Malah-malah menawi kito sawek kagungan
masalah utawi keruwetan-kruwetan, midherek agami Islam dipun anjuraken
ngelampahi sholat sunat kaleh roka’at ingkang dipun wastani sholat hajat utawi
sholat tahajud utawi sholat istikhoroh. Kanti ngelampahi sholat sunat kolowahu
insya Allah Gusti allah Ta’ala paring mergi ingkang leres lan maslahat. Dene
menawi kito kepengen pinaringan rizqi jembar, kito saget ikhtiyar kanthi dipun
sarengi ngathah-ngathahaken sholat Dhuha.
Gusti Allah Ta’ala dawuh;
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم:
وَسْتَعِيْنُوْابِالصَّبْرِوَالصَّلوَةِ
Artosipun
kirang langkung: “Lan podo amriho pitulung siro kabeh sarono gelakoni shobar
lan sholat.” (al-Qur’an, surat Al-baqoroh: 45)
Minongko penutup, monggo kito gatosaken
dawuh dalem Kanjeng Nabi ingkang dipun ceritaaken dining shohabat Abi Huraira:
اَرَأَيْتُمْ لَوْاَنَّ نَهَرًابِبَابِ
اَحَدِكُمْ يَغْسِلُ مِنْهُ كُلَّ يَوْمِ خَمْسَ مَرَّاتِ هَلْ يَبْقَى مِنْ
دَرَنِهِ شَىْءٌ؟ قَالُوْا: لاَيَبْقَى مِنْ دَرَنِهِ شَىْءٌ. قَالَ: فَذَلِكَ
مَثَلُ الصَّلَوَاتِ اْلخَمْسِ يَمْحُوْاللَّهُ بِهِنَّ اْلخَطَايَا
Artosipun
kirang langkung: “Cubo keperiye yen ono kali ing dalem ngarep lawange salah
sijine siro kang siro adus saking kono saben saben dino kaping limo, opo isih
ono kotoran kang keri? Poro shohabat jawab: ‘Boten Wonten.’ Kanjeng Nabi banjur
dawuh: ‘Yo ngono iku sifate sholat limo. Gusti Allah nglebur kelawan sholat iku
ing piro-piro kaluputane.” (muttafaqun alaih)
Ngaten puniko dawuhipun Kanjeng Nabi. Milo
monggo sami anggatosaken dawuh ing nginggil.
