Khutbah Bulan Ramadhan
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ
وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ فَضَّلَ رَمَضَانَ
اِمْتِنَانًالِعِبَادِهِ الشَّكُوْر. فَطُوْبَى لِمَنْ فِىْ نَهَارِهِ صَامَ
وَفِىْ لَيْلَتِهِ قَامَ وَلاَيَغُرُّهُمْ بِاللَّهِ اْلغَرُوْر. اَشْهَدُاَنْ
لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اْلعَزِيْزُاْلغَفُوْر.
وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِىْ اِلَى
اْلخَيْرَاتِ وَتَرْكِ الشُّرُوْر.
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى
سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةًوَسَلاَمًادَائِمَيْنِ
مُتَلاَزِمَيْنِ اِلَى يَوْمِ النُّشُوْر. امَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّه! اِتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ
شَهْرَكُمْ هَذَاشَهْرٌعَظِيْم. ضَاعَفَ فِيْهِ الثَّوَابَ وَغَفَرَالذُّنُوْبَ
وَاَعْتَقَ اْلعِبَادَاْلمُجْرِمِيْنَ مِنَ اْلعِقَب.
فَاظْفَرُوْاوَاغْتَنِمُوْابِاِكْثَارِاْلعِبَادَات
Poro rawuh
ingkang minulyo!
Monggo samiyo netepi taqwa dumateng Allah Ta’ala. Artosipun tansah nindaaken dawuh-dawuhipun
lan nebihi awisan-awisanipun.
Lan monggo samiyo ginaaken kesempatan
wulan ingkang agung puniko kanthi sak sahe-sahenipun. Monggo kito dadosaken wulan
puniko dados wulan ibadah lan taqorrub dumateng Gusti allah Ta,ala. Amargi
wulan Romadhon puniko wulan ingkang lawang-lawangipun suwargi dipun bikak,
lawang-lawang neroko dipun tutup, lan
setan-setan dipun belenggu. Ateges kesempatan ibadah lan taqorrub dumateng
Gusti Allah Ta’ala dipun bikak kanthi jembar, ganjaranipun dipun
tikel-tikelaken lan kesempatan duroko dipun rupekaken.
Milo monggo kito kirangi sekedhik
urusan-urusan ingkang boten wonten hubunganipun kaliyan ibadah. Lajeng kito isi
kanthi amal ibadah sak kiyatipun. Wonten ing siangipun, ingkang biasanipun
badan kerahos lemes, kito isi kanthi ibadah ingkang enteng-enteng mawon. Kados
to mahos Al-Qur’an lan dzikir dumateng
Allah. Menawi boten kiyat mekaten inggih pokoipun sampun ngantos kaisi pendamel
maksiat lan duroko. Sinahoso lajeng kagem tilem paribasanipun. Amargi tilemipun
tiyang shiyam puniko kalebet ibadah.
Dene wonten dalunipun kito ginaaken kagem
qiyamul lail, sholat taraweh, tadarrus Al-Qur’an, istighfar, mahos sholawat,
pengahosan lan sak piturutipun.
Wonten ing setunggalipun hadis dipun
dawuhaken:
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ
اِيْمَانًاوَاحْتِسَابًاغُفِرَلَهُ مَاتَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Artosipun kirang langkung: “Sing sopo wonge ngurip-ngurip
wengine wulan Romadhon mongko den ngapuro dusone kang wus keliwat.”
Lan ingkang penting
malih anggenipun ngathahaken ibadah puniko ingkang istiqomah, ajek lan
bertahan. Sampun ngantos namung damel tutup kendhang mawon. Ateges anggenipun
ngelampahi ibadah namung kagem pantes-pantes mawon. Naliko nembe melebet wulan
Romadhon, masjid lan mushola ketawis regeng. Namung menawi sampun ngancik
tanggal setengah semangatipun sampun luntur ngaten puniko nedahaken bilih kito
tasih gampil dipun bujuk dining setan.
Milo sampun mekaten.
Monggo kito tansah emut bilih kesempatan ingkang agung puniko namung sak wulan
ateges boten dangu.
Soyo-soyo menawi sampun
ngancik tanggal kalih doso minggah, kito kedah langkung mempeng malih
anggenipun ibadah. Amargi wonten ing tanggal-tanggal kasebat Gusti Allah
nurunaken Lailatul Qodar, ingkang kautamanipun ngeluwihi sewu wulan.
Ateges ibadah sedalu wonten ing Lailatul Qodar puniko langkung sahe
tinimbang sewu wulan. Ngantos Kanjeng Nabi ugi langkung mempeng anggenipun
ibadah. Milo monggo kito minongko umatipun sami andherek tindak lampahipun
Kanjeng Nabi.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ
بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم.اِنَّهُ هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم.
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم: اِنَّا اَنْزَلْنَاهُ فِىْ
لَيْلَةِاْلقَدْر. وَمَا اَدْرَاكَ مَالَيْلَةُاْلقَدْر.
لَيْلَةُاْلقَدْرِخَيْرٌمِنْ اَلْفِ شَهْر. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ
وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن
